Thursday 12 January 2012

Gusti Mboten Sare, Pasraha Marang Gusti

Gusti mboten sare!
--------------------------
Sing dowo ususe. Sing jembar apurane. Elinga: sopo nggawe nganggo,
sopo nandur ngunduh. Yen sing mbok lakoni
saiki iku wohing prilakumu ing mangsa
kepungkur, nyuwuna pangapunten marang Gusti lan lakonana lelakon iku kanthi syukur,
dene Gusti sampun maringi piwalesan ana
ing ndonya, ngelong-longi piwalesan ana ing akhirat.
Amin.
__________________________________

Pasraha marang Gusti!
-------------------------------
Ojo nuruti hawa nepsumu. Manungsa kuwi
panggone lali lan kleru. Ojo sepisan-sepisan
males kaluputaning liyan, amarga piwalesan dudu hakmu. Gusti Kang Maha Adil kang bakal males sakabehing tumindake manungsa.
Sakabehing lelakon kuwi nggadhahi maksud kang becik. Yen sliramu sabar lan ikhlas,
Gusti paring luwih saka pangarepanmu.
Uripa ing kebaking pamuji syukur, Gusti paring tentrem ono ing salaminya uripmu.
Amin.
Published with Blogger-droid v2.0.1

No comments:

Post a Comment